Laman

Friday 8 June 2012

KHUTBAH JUM'AT

BAHAYA LUPA DIRI DAN LUPA       TANGGUNG JAWAB

Hadirin sidang jum’ah rohimakumulloh !

Wonten zaman moderen kados saat puniko, katah tiyang ingkang resah saho terobang-ambingaken zaman, kaporo sebagian  kathah ingkang kecalan jati dirinipun.
       Pramilo saking puniko monggo kito tansah jagi diri kito kanti sae, kanti tansah ningkataken taqwo kito dumateng Alloh swt, supados kito leres-2 pikantuk kebahagiaan dunyo lan akhiratipun benjang.
       Kebahagiaan gesang ingkang hakiki meniko namung waget purih kanti tansah ningkataken iman melalui peningkatan amal ibadah kito piyambak. Kanti kwalitas ibadah kito meniko Alloh bade maringi hidayah dumateng kito. Hidayah Alloh lah ingkang waget membimbing supados gesang kito terhindar saking perbuatan fasik lan dolim, ingkang mangkenipun  waget dadosaken amal-2 kito bermanfaat kangge dirinipun saha tiyang asanes.

Hadirin sidang jum’ah yang berbahagia

       Salah setunggalipun perbuatan fasik lan dholim amargi saking lupa diri, lan pinten-2 gejala ingkang menonjol saking sikap lupa diri antawisipun : watek sombong, ngraos paling sae, ngraos paling pinunjul, ngraos paling ageng lan sakpiturutipun.
      Manungso lupa diri puniko waget terjerumus dumateng bahaya ingkang ageng, inggih puniko kepribadian ingkang awon, ingkang tumuju dateng nyupe aken prinsip-2 gesangipun piyambak antawisipun  :

  1. Supe dateng asal mula dirinipun :
Tiyang ingkang supe saking asal mula dirinipun bade ngrugekaken dirinipun piyambak. Menawi dados tiyang sugih umpaminipun piyambakipun bade supe kemlaratan ingkang dipun alami rumiyin. Rikolo sdados tiyang pangkat bade supe menawi asalipun ugi tiyang biasa mboten terhormat. Dados tiyang pinter ugi supe bilih rumiyin ugi asalipun bodo mboten waget nopo-2, kaporo inglang langkung bebayani menawi sampun ngraos paling pinter piyambak lan sakpiturutipun.     







Tiyang ingkang supe dateng asal usulipun  bade gampil silau dateng hasil usahanipun / prestasinipun, ngraos menawi sedoyo hasil usahanipun meniko ingkang dipun capai namung saking dirinipun piyambak tiyang sanes mboten onten sangkutipun kaporo malah Alloh pun ugi mboten dipun pitadosi. Pramilo sikap ingkang bade muncul dateng tiyang meniko namung jiwa tiyang ingkang lupa diri, waget congkak tansah menentang dateng tiyang sanes.

Dipun ngendikakaken ing Al-Quran surat Yasin ayat 77 – 78





Lan opo manungso ora podo ngatekaken, menowo Alloh swt, iku nyiptakaken siro kabeh iku soko setitik air ( mani ) mongko dumadaan siro kabeh podo dadi penentang sing cetho, lan Alloh mirsani perumpamaan kanggo kito, lan kito iku podo lali soko asal kedadeyane.    

2.       Supe dateng dirinipun piyambak :
Iangkang supe dateng dirinipun piyambakmeniko, tiyang iangkang tansah madosi kesalahanipun tiyang sanes, madosi kekirangan / aib ipun tiyang sanes, kaporo malah nganjuraken perbuatan iangkang sae ananging piyambakipun supe dateng kekiranganipun



v

No comments:

Post a Comment